0 Katresnan Kang Sedjati

Ora bakal sirna ing sajroning sliramu ngebaki atiku
Senadyan batin tansah nyandang laraning lara
Ananging ora bisa adoh anggonku nyanding lakumu
Iki kabeh amung dadi lamunan padinan

Rikala mendung langit satya satuhu ing wengi iki payungi kangenku
Muga dadio udan sing bakal teko ademe sliraku
Aku iki layangan mimpenmu
Aku ana njaga sliramu nalika adem njejeb ing wayah wengi



Kabut kasetya tak dekep sak dawaning wengi
Aja ragu.....
Janji iki lintang kang nyinari
Aku lan kowe bakal nemu endahing katresnan sejati.....

G+



Mohon Aktifkan Javascript!Enable JavaScript